Login / Register    » RSS GEMA Feed

Wiyosipun Gusti (Dalu Suci) - (KPK 58)

admin's picture

1.
Dalu suci tidem sami
Jeng Gusti Pamarta
Tedhak manjalma krana kita
Miyos wonten kandhang Betlehem
Gustining dumadi
Gustining dumadi

2.
Bayi suci kang Ginusti
Nebudi tyang dosa
Nilar kamulyane ing swarga
Sumeleh ing rumput kang nista
N'ladani mring kita
N'ladani mring kita

3.
Dalu suci, tidhem sami
Jeng Gusti ambekta
Katentremane jagad-raya
Kados prasetyane Kang Rama
Mila linuhurna
Mila linuhurna

4.
Dalu suci tidhem sami
Jeng Gusti ambekta
Pirukuning tyang dosa sami
Cinandhang prasetyan kang baka
Amin linuhurna,
Amin linuhurna

Submitted by admin on 18 November, 2008 - 13:06
 

Komentar